Bahasa lain

Pertanyaan

aranana sawijining pahlawan kang mbok senengi banjur gawenen ukara caritane

1 Jawaban

  • RADEN AJENG KARTINI

    Wis kaprah dipangeti saben tanggal 21 April minangka pangetan Hari Kartini.Pangetan iki kaphetik saka tanggal wiyosane Raden Ajeng Kartini.Raden Ajeng Kartini tansah dicathet ing buku sejarah,jalaran penjenengane gedhe lelabuhane marang bangsa indonesia. lelabuhane kuwi ing babagan pendidikan utamane pendidikan bocah wadon
    Dhek jaman penjajah biyen, wanita ora diolehi sekolah. wanita ora perlu pinter, jalaran yen wis bisa masak wis cukup. Reden Ajeng Kartini banjur ada-ada bocah wadon uga kudu bisa sekolah kaya bocah lanang. panjenengane banjur ngedegake sekolah kanggo kaum wanita.Sekolah kanggo kaum wanita kuwi dijenengi sekolah kartini. ing sekolahan kuwi, kaum wanita duwe drajat padha karo wong lanang. perjuangan kanggo madhakake drajate bocah wadon karo bocah lanang iki sing diarani pejuang emansipasi.
    Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing mayong, Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane pingin nerusake sekolah menyang Eropa, nanging ora bisa kelakon. Jalaran kudu nikah karo bupati Rembang. Pungkasane mung bisa sekolah ing betawi, merga saka pituduhe nyonya Abendanon saka Walanda. Senajan wis nikah, pranyata Raden Ajeng Kartini isih bisa nerusake gegayuhane ngedegake sekolah kaum wanita, utamane wanita bumiputera. ing layang layange sing diklumpukake nyonya Abendanon, sisihane Raden Ajeng Kartini nyengkuyung anane sekolah kanggo kaum wanita
    Saka semangate Raden Ajeng Kartini iki banjur madeg sekolah wanita dening yayasan kartini ing Semarang taun 1912, banjur kasusul ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon, lan papan liyane. Yayasan Kartini iki didegake dening keluwarga Van Deventer. dene layang layange Raden Ajeng Kartini diklumpukake dening Mr. Abedanon didadekake buku sing asesirah "Habis Gelap Terbitlah Terang"

Pertanyaan Lainnya